Kaca iki wis divalidasi
Geguritan
Sunartini
NGOMBEN
Ancasmu mung ora pa-pa
Iki ming paweneh kanca
Nora mbedakake miarat lan sugih bandha
gawe gumbira suka mana suka
Saya kedlarung lelumban
Lelangen suka mring omben
Datan kendhat sawengi cumpen
Nguwalik jagad bengi dadi awan
Padhang sumringah pasuryanmu
Satenggak, saglegeg omben klebu
Murup, mabuk memanas atimu
Kwanen ngrangsang rumangsa darbekmu
Nyentak yen dipenggak
Nora maelu omongane bapak
uripmu nasak wis kewiyak
Mula emoh ngaruhke lan nyanak
Agustus 1997
74