Kaca iki wis divalidasi
Rembuyung
Aryono
LARA WUYUNG
(Dhandhanggula)
(Dhandhanggula)
Adhi ajeng aku mau ngimpi, | 10i |
andon tresna klawan jeneng sira, | 10a |
ingsun banjur mikirake, | 8e |
atiku tansah bingung, | 7u |
apa ngene wong nandhang branti, | 9i |
paringana usada, | 7a |
jalma lagya wuyung, | 6u |
njaluk leganing wardaya, | 8a |
ladenana kang dadi senenging ati, | 12i |
yaiku jatu krama. | 7a |
99