Kaca:Romanized copy being Wangbang Wideya, Javanese-Balinese Panji romance in tengahan metres Or. 7227.pdf/35

Kaca iki wis divalidasi

29

  Gumuyu sakwe hing hamārĕk eng sira ndan rakryan
37b/ apatih / sampun aken apangarahā kang bala tani wus rumuhun dan șira sang nata hangluwaring panangkilan mantuk șira maring jro kaddatwan.
  a) Sang nateng Mataram sampun hingaturān mwang çri narendreng Kabalan prasamā hacaddang çri narapati sang natheng Camara mwang sang natheng Manungkuli lawan in Pajang prașana hangiring sampun pasti hintarān sang nata.
  b) Sampuning sami hapupul balanira sang ahulun prasamā mangke hamanggung sañjata çri bhūpati munya gĕnding gong surak uwang gumuruh sama ngingonning balā sira çri bhūpati hing eňjang hitaran șri narendra.
38a/   a) Lwir sagara rob kweh ing wadwannira çri napati makacucuk mangko ken tumĕnggung lan ken d-mang ken kanuruhan sawiwit t-ngěn kiwa ken apatih ndan makagugulu sira sang para ksatriya.
  Tumuli samā tumūrun kang saňjata haçri pattingalānikang kombala saha dwaja kaddi tulis tabĕh-tabĕhan ikā humwang gumuruh wus lĕpas _āking rajā sampun hapapanggih çri bhūpati lan sirayinira.
  Muwah kalawan sira bra rakanira sira sang natheng Camāra katigā sama lumurug nrēpati pitung ratri lawasireng margi kadungkap jajahān ing Daha mandĕg çri bhūpati lagy akon ambrastakna desā.
38b/   Sirņna lungsur şakweh ingkang desa hinya tinawan şahistri kakung pan samā katungkul tan wĕruh yen musuh prapti sami tan padrĕwe polah kagamlān ānak rabinipun marmane hakeh katāwan.
  Ken tumĕnggung lan ken dĕmang maka punggawa nikangēnjajarah polahe haņdalurung kweh ing tawan den-pilihi sagĕng dene haňjajamah mangkw anitil ndan tan panahān baya sotaning wong kabongān.
  Punāng çeşa nnikang katawan malaya angungsi pungkur kabarasat mungşi pandĕman ring pringgaņning adri kaparĕk ing Daha mungsi jro kutā kunĕng sira sa prabhū hanglurug saddawa ni hĕnu sira rany asukāan-sukān.