Kaca:Sandhal Goreng.pdf/10

Kaca iki durung katitiwaca

Suwene Anggonku Ngenteni

Agatha Elma

TG

“Sis, handphone-ku geter ki! Kayane ana tilpun,” kandhaku lirih marang Siska, kanca kenthelku sing lungguh sabangku karo aku, nalika pelajaran Fisika lagi wae wiwit,

“Delok sik sapa sing tilpun. Yen penting, izin ning kamar mandi wae,” usule Siska.

Aku banjurngetokake HP-ku saka sak rok sisih tengen. Tak- penerke kacamataku, banjur takdelok jeneng sing muncul ing la- yar. Ora ana jenenge. Mung nomer tilpun. “Sapa, ya? Aja-ajawong iseng!”

“Sapa, Ma?” Siska takon kanthi swara lirih, wedi didukani Pak Anton, guruku Fisika.

“Kayane wong iseng!” aku semaur, banjur neruske nyathet lan sanalika iku uga HP-ku mandheg anggone geter. Lega rasaku.

“Tulung, sapa isa ngrewangi nyathet ning papan tulis, Bapak arep ning kantor guru sedhela, Kabeh kudu nyathet lan ora kena ribut!” ature Pak Anton, guru Fisika sing mustakane plonthos kaya profesor.

“Nggih, Paaaaakkk...,” bocah-bocah semaur bebarengan.

Sawise Pak Anton metu lan kira-kira wis adoh, kanca-kanca- ku padha wiwit rame.

Lagi wae aku arep nglebokake HP-ku dumadakan piranti komunikasi kuwi geter maneh.

“Siska! Nomer sing mau meneh!” kandhaku rada mbengok.

“Kene, ben aku waesing ngomong!” ujare Siska sinambi ngre- but HP-ku.

mp