Kaca:Sandhal Goreng.pdf/100

Kaca iki durung katitiwaca

Nyalawadi

Hasna Candra Wimahyu

D A

Manuk-manuk padha mulih neng susuhe, mabur renteng- renteng neng langit sing wiwit mbrabak abang ndadekake sesa- wangan katon endah. Nanging kahanan SMK I kaya alas gung liwangliwung, kahananenyenyet. Ora ana sapa-sapa, kejaba Ret- na sing lagi ngrasakake swasana sepi. Angin kang sembribit sajak ngajak Retna supaya ndhang lunga saka papan mangkono.

Sinambi thethenguk, Retna kelingan omongane Resti kan- canse sekelas menawa biyen ana siswa sekolah SMK I kang mati nglalu ing jero pakiwan sekolah. Sajake Retna pengen suwe-suwe anaing papan mau amarga dheweke arep golek inspirasi koreo- grafi tari kanggo ngenepi tugas akhire. Nanging amarga dheweke saya suwe saya mrinding, kebeh angen-angene buyar sirna. Ora let suwe Retna banjur ngadhek lan mlayu.

Nalika lakune wus nyedhaki ngarep gerbang sekolahe, Retna kaget kaya ana sing nyeluk dheweke.

Swara kuwi keprungu dening Retna bola-bali. Basan ditoleh ora ana sapa-sapa sakiwa tengene.

b. MA Retna!”

Swaraiku sajak keprungu terus dening Retna. Dheweke ban- jurnoleh, sorot mripatetumuju ana ing ruang lobi sekolahe. Saka pandelengane kaya-kaya ketok saka menawa ana blegere wong bagus kang mau nyeluk dheweke. Ora ngagas kuwi bener wong bagus apawewujudan liyane, Retna gage mlayu ngedoh saka wong,

me 91