Kaca:Sandhal Goreng.pdf/101

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2010


pandelenganewong mau. Sakwentara Retna mlayu bocah lanang mau terus wae ngetutke lakune. Sajak nom-noman mau nyalawa- dhi marang dheweke.

“Sapa kowe. ...?” pitakone Retna marang bacah lanang mau.

Nanging nom-noman mau meneng wae sajak ora gelem se- maur.

“Aa... aa.. ja-aja kowe penculik kang arep nyulik aku ya?” pitakone Retna maneh.

Bocah lanang mau tetep wae ora mangsuli pitakone Ratna.

“Aku, ki, wong oranduwe yen mbokjaluki tebusan wes mes- ti wong tuaku ora bisa menei. Apa maneh aku mung urip karo mbokku,” kandane Retna pasrah.

Omongane Retna ora digubris karonom-noman mau. Atine tabah ora karuwan, banjur Retna nggeblas mlayu. Amarga orange- matke dalan dheweke kesandung tiba krungkep. Ora dinyana, wong lanang mau ngetotake lan nulungi.

“Aku Arif. Kowe Retna, ta? Aja wedi karo aku. Niyatku apik mung arep methuk kowe,” kandhane wong lanang mau sinambi nulungi Retna.

Nanging atine Retna tetep durung bisa pemaya ngono wae marang wong mau kang ngaku jenenge Arif. Nanging, Retna ora bisa mlaku. Kepeksa dheweke gelem ditulungi karo wong kang lagi ditemoni mau.

Wektu kuwi langit wus katon peteng, adzan magrip uga wus keprungu. Arif banjur ngranggeh tangane Retna katon yen dhe- weke arep ngendhong.

“Omahmu mburi perumahan kana, ta? Ayo tak terke bali,” kandhane Arif marang Retna.

“Bocahiki kok ngerti omahku. Ben wae dheweke ngarasake mengko nek nganti ketemu karo mbokku men dimamah entek,” guneme Retna kanti mesam-mesem sajak seneng yen Arif cilaka.

Tekan ngarep omahe Retna banjurwong kuwi ndhodhok la- wang. Saka mburi lawang wes katon bayangane mbokne. Rasa dheg-dhegane saya ndhadi. Alon-alon lawang mau mbukak. Ret-

ma 99 mo