Kaca:Sandhal Goreng.pdf/102

Kaca iki durung katitiwaca

sandhal Goreng


na kaget amarga mbokne ora nesu-nesu marang wong lanang kuwi. Sawise kedadeyan mau, Retna tansah mikir saben dinane, ana apa antarane mbokne lan wong lanang mau.

Dina-dina candhake, saben mulih sekolah, Retna gumun amar- ga anaing ngarep gerbang sekolah mesthi dienteni karo Arif. Ke- para Arif ngajak Retna lunga ana ing pinggir segara. Kapeksa Retna manut pangajake Arif.

“Ret, coba delengen ana ing sisih kulon kae,” kandhane Arif marang Retna sinambi nudingi srengenge sing arep angslup.

“Bocah iki kok ngerti ya yen aku wis suwe ora tau dolan ing pinggir segara,” batine Retna sajak kaget. Apa kang ditindhakake Arif wektu kuwi padha karo sing ditindake almarhum bapakne marang dheweke.

Wis ping pira anggone Retna nyoba gawe koreografi tari kanggo pganepi tugas akhire, nanging nganti saiki durung ana kang dadi. Paling bantermung oleh pirang gerakan. Apa maneh sawise ketemu Arif, banjur blas lali karo tugase dheweke amarga saben dina mung mikirkerasa penasarane marang Arif, wong sing dhi- sike baget nyalawadi.

Ba'daisya' Retna wus teturon ing kamare. Mripate ndeleng wit-witan kang ketok saka cendela kamare. Sire, kedadeyan ana ing njaba kamare kuwi bisa ggawe klangenan ing atine, Nanging ora, Retna isih ketok mendhem masalah sing marai pikirane mu- met. Mripate kethap-kethip nyawang plenthong limang watt sing madhangi kamar. Ngglethek ing kasur kumel. Ketok yen kasur kuwi wis suwe dienggo utawa wis tuwa umure. Tangane loro dianggo nyangga janggute. Ora ana swara ing mlebu menyang kupinge kejaba swara-swara jangkrik karo kewan kang nagancani sepine wengi. Wengi samsaya ndhedhet nambah nelangsane ati amarga tugase durung genep nganti seprene, kamangka mung ku- rang seminggu wis arep dibijekake. Lawang kamare muni amarga anasing mbukak. Mripate pindah ndeleng lawang sing mbukak. Engsele wis karaten dadi isanyuwara yen dibukak. Jebul mbokne sing mbukak lawang.

me 093