Kaca:Sandhal Goreng.pdf/103

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2010


“Durung turu, to Ndhuk?” pitakone simbok marang Retna.

“Dereng, Mbok. Niki lho kula bingung benjing seminggu malih niku sampun penilaian tugas akhir kamangka dereng dados blas, Mbok,” tegese Retna marang mbokne.

“Oo... .alah yo gek ndang digawe, Ndhuk. . wes mepet ta wektune?” kandhane simbok maneh.

“Lhaniku lho, Mbok. Kala wingi dumugi samenika lanangan sing ngeterke kula bali isane mung gawe gara-gara wae, Ora kenal neng sok kenal, gitu deh Mbok,” grundelane Retna marang mbok- ne nganti kesrimpet-srimpet anggone ngomong.

Wektu iku uga simbok ngomong marang Retna yen Arif ku- wi asring dolan ana ngomahe nangging ya mung nglimpekake Ret- na. Sawise mboknengomong mangkono Retna banjurngerti yen Arif iku anake kancane mbokne kang kerep pesen jajanan pasar nggone mbokne.

“Ooalah, Mbok. Mbok ngendhika ket wingi-wingi, dadine rak mboten kados ngaten,” kandhane Retna sajak isin campur mangkel karo mbokne.

Dina candhake Retna age-age nggarap tugase. Malem ming- gu wancine Retna penilaian kanthi rasa “pedhene” dheweke mung- gah panggung. Sajakeneng kana uga ana Arif kang delok pemen- tasane.

Budal acara pementasan, Arifnyedhaki Retna. Arif nyritak- ake kabeh kedadeyan sing njalari dheweke bisa ketarik marang, Retna.

“Akuwingi udu aku sing saiki, seka deary-mu aku bisa dadi kaya mangkene,” kandhane Arif marang Retna.

Retna bingung apa karepe Arif ngomong mangkono. Maune Arif bocah kang nakal, dheweke pecandu narkoba, nanging saiki wis insyaf amarga nemu buku deary-ne Retna.

“Aku salut marang kowe, Ret. Saka pengalamanmu sing tok tulis neng buku iki aku sinau bisa ngluruske dalan uripku kang maune mlenceng,” kandhane Arif maneh,



me 94