Kaca:Sandhal Goreng.pdf/106

Kaca iki durung katitiwaca

sandhal Goreng


Pak Gunardi banjur metu saka studio, ninggalke murid- muridesing isih padha latiyan. Luthfi, Ida lan Anik banjur padha nututi metu tunuju parkiran motor.

“Wah... .padha saka ngendi, ta. Wit mau tak goleki ora kete- mu-ketemu. Oalah, jem... jem,” takone Desi sing wis saka budhal sekolah ngenteni ana ing parkiran.

“Hahaha. ....lha kowe kuwi ngopo ora nututi neng studio. Malah nglangut nengkene kaya wong ilang,” wangsulane Luthfi geguyon.

“Halah... ..lha ngapa neng kana. Kayane kowe padha ora isa main musik. Apa ming padha ndelok?” sindire Desi.

“Ya..niyate mau ki mung ndelok, nanging kok malah dadi kepingin isa. kayane asik, kok,” sambunge Anik.

“Eh....iya, sesuk awan melu latiyan, ya. Arep diwarai Pak Gunardi. Sapa ngerti awake dheweisa melu tampil neng PENSI sekolah,” usule Ida.

“Wookkey.....ciappp. . ... ya wis gek muleh, yuk,” tanggepane desi karo numpaki motore.

Tekan omahe Luthfi banjurpadha sholat dzuhur lan maem. Bengine awake Luthfi krasa kesel banget. Dheweke banjurmapan turu.

Esok kuwi sekolahan wis kebak bocah-bocah . “Pagi semua,” swarane Luthfi aruh-aruh karo kanca-kancane sing wis ana ning ngarep kelas.

“Beeh.. telat kowe, Fi. Kadingaren mangkate gasik,” pita- kone Anik karo nyindir.

“Hehehehehe....sori. Lha aku mau bengi krasa awakku ora penak tenan,” wangsule Luthfi karo ngguyu mringis.

Esok kuwi sekolahan isih teteprame amarga padha nyiyapke acara PENSI sekolahan. Studio musik wis kebak bocah-bocah kang, padhalatiyan, kelas paling mburi dinggo latiyan nari, ruang kara- witan yo wisrame bangetlan aula sekolah kanggo latiyan drama. Wektu kuwi swarane campur dadi siji yen dirungokake saka nja- ba.

ma 097