Kaca:Sandhal Goreng.pdf/107

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2010


Luthfi lan kanca-kancane banjur tumuju studio musik arep nagih janjine Pak Gunardi. Nanging tekan studio musik Pak Gu- nardi ora ana.

“Lha kepriwekie? inyong wis tekan kene kok malah gurune rung teka?” pitakone Anik radha mangkel.

“Iya ya, marmos. Sida ora, ta?” wangsule Luthfi karo me- cucu.

“Gendheng, piye kowe, ki. Aku takon rung diwangsuli ma- lah genti takon. Oo, gethuok....gethuok,” ujare Anik saya mang- kel.

Dumadakan Pak Gunardi rawuh,banjur murid-murid me- neng kabeh karo ndelok Pak Gunardi mlaku radha mbungkuk sinambi nyekeli wetenge.

“Beeeee........wis teka telat nyekeli weteng meneh. Ra ngru- mangsani nek dienteni... huuuuuuh...!!!” batine Anik nggresula.

“Kok dangu, Pak? Pripun niki, Pak. Pun ditenggo ket wau, je. Siyos latiyan mboten?” pitakone salah siji murid karo rada ngece.

“Sori, Mas. Bapak mau lagi nananana neng kamar mandhi. Wetenge Bapak lara, je, wangsule Pak Gunardi karo mesem karo ngajak guyon kanggo nylamur anggone lara weteng.

Krungu Pak Gunardi wangsulane malah aneh. Salah sijining murid ana sing nanggepi.

“Hah... nananana niku napa, Pak? Wah, Bapak gaul banget. Marai pengin melu 'nanananananana'.”

Krungu tanggepane kancane, murid-muridliyane padhangguyu.

“Sori anak-anak, Bapak dina iki ora bisa ngajari latiyan. Ba- paklagi ora kepenak awake. Latiyane dipending dulu, ya,” ngen- dikane Pak Gunardi karo rada nyengir.

Murid-murid gela lan nggrundel sinambi gemremeng dhe- we-dhewe.

“Lha kenging napa, Pak? Padharane sakit napa, Pak?” pita- kone Anik.

“Iya, je Nduk,” ujare Pak Gunardi sinambi ngelus-elus we- tenge.


ma 98