Kaca:Sandhal Goreng.pdf/108

Kaca iki durung katitiwaca

sandhal Goreng


“Saiki padha gawe grup dhisik wae. Sak grup 4 nganti 6 wong terus ditulis jenenge. Mengko datane dikumpulke neng me- jane Bapak, nggih. Tolong yang baru sedikit-sedikit bisa main alat music gabung dengan yang sudah bisa supaya diajari.

Bocah-bocah banjur padha umyek gawe klompok.

“Eh, awake dhewe cah 3 dadi 1 wae, ya. Kari golek bocah maning, sopo ngerti Desi mengko gelem gabung. Piye-piye...?” ujareluthfi ngomong karo Anik lan Ida.

“Manut,” wangsulane Ida.

“Okelah kalo begana.....,” Anik seneng amarga bisa gabung karo Ida.

“Woo...! Sorry aku telat, ya? Wis lekas, pa?” swarane Desi sing lagi teka ngagetke Luthfi, Anik lan Ida.

“Ora, kok Des. Kowe kemruputen. Kudune kowe mangkat mengko bar duhur,” wangsule Anik sentimen.

“Beeh....nape, lu? Lagi dapet, ya? Sewot amat,” tanggepanne Desi karo ngguyu.

“Wislah ... rasah padha rebut, Arep lekas latiyan kapan? Fh, Des, kowe melu gabung grupku ya!” panjalukke Luthfi.

“Ciap! ..... sisan ditentokke wae arep padha nyekel alat apa. Skaliyan lagune.”

“Wow, ya. Aku nyekel dram, Anik bass, Ida kiboard, kowe gitar, eh...vokale sapa terusan?” wangsule Luthfi rodho bingung.

“Runi,” ceplosse Ida.

“Emmm... ... ya wis rapapa, sisan tambai melodine wae. Nek Johan, piye?” usule Luthfi karo mikir.

“Oke....setuju,” wangsule Anik lan Desi.

Luthfi lan kanca-kancane banjur padha nemoni Runi lan Jo- han kang arep diajak gabung. Basan wis ketemu banjur padha run- dhingan lan padha gelem. Lagu lan aliran musikke wis padha di- temtokake.

Dina-dina prei padha digunakake kanggo latiyan. Wektu 2 minggu dimanfaatke banget kanggo matengke persiyapane.

“Hadooooh ...... kesel tenan aku, kari 2 dina meneh. Nganti takrewangi pupuku abang kabeh tak thuthuki nganggo stik dram,”


ma 99 me