Kaca:Sandhal Goreng.pdf/109

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2010


ujare Luthfi karo ngelus-elus pupune sing wis ketok kaya bar di- gebuki.

“Muga-muga waeora siya-siya lelatiyan awake dhewe,” dho- nganne Johan sing kepingin banget bisa lolos seleksi PENSI.

Basan wis padha kesel, banjur padha mulih istirahat,

Awan kuwi dina jumatjam2. Luthfi CS wis padha nglumpuk anastudio langgananne, banjur padha latiyan kanthi serius. Dina kuwi wis padha isa nggarap rong lagu. Wis rampung padha lati- yan banjur padha menyang sekolahan.

Sore kuwi jam 4 ana seleksi ing sekolahan. Sing wis padha teka banjur njupuk nomer urute grup kang arep tampil. Grupe Luthfi entuk giliran nomer 3. Karo ngenteni giliran diundang, Luthfi CS padha rembugan arep njenengi klompoke. Amarga bo- cah-bocahe saka kelas B,banjur padha mupakat dijenengke “Bhe Band”.

“Bhe Band. ........ ;” swara sero saka njero studio kuwi nga- getke Luthfi CS.

Luthfi CS banjur padha mlebu lan padha mainke lagu kang, wis digarap wektu latiyan saben dinane. Basan wis rampung pak guru ngendika menawa Luthfi lolos seleksi lan isa melu PENSI. Krungu ngendikane gurune mau kanca-kancane padha seneng banget, nanging Luthfi ngrasa ora kepenak karo alate.

ji. ENE ra sia-sia tenan awake dhewelatiyan awan sore,” ujare Desi seneng banget.

“Iya, aku ya lega banget. Nanging mengko bengi aja lali gla- diresik ning sekolahan,” wangsule Runi karo ngadoh.


“Aku, ki, ya seneng. Nanging, kok, kayane ana sing aneh ka- ro basdrame,” ujare Luthfi kang duwe feeling ora kepenak,

“Emang kepriye? Basdrame maju-maju apa arep jebol. Hehehehe....,” pitakone Johan ngejak guyon.

“Kayane, ki, arep jebol. Soale didelok lapisanne wis arep su- wek, Wah aku malah dadi kuwatir iki,” wangsule Luthfi wedi.

“Halah..ora papa mengko tak matur karo Pak Gunardi. Ben diplester wae sementara,” ujare Desi nenangke Luthfi.

IDO