Kaca:Sandhal Goreng.pdf/11

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


“Halo? Halo?! Sapa iki, kok meneng wae?! Mbok ya diwang- suli! Budheg, ya?!” Siska ngomong karo nesu-nesu. Omongane wiwit kasar. Ora sabar, Siska langsung mejet tombol end sing ana ing HP-ku. Siska pancen temperamen, nanging mestine dheweke ora kudu ngomong kaya ngono mau.

“Iki wong budheg, pa ya?!” Siska mangkel, banjur mbalekke HP-ku.

“Ya mbok menawa kowe ora krungu, Sis. Kelase awak dhe- we rame banget kaya pasar ngene! Mau kuwi kowe ora sopan, Sis! Ora samestine kowe ngomong kaya ngono,” aku nyeramahi Siska.

“Karepmu lah!”wangsulane karo jengkel.

HP-ku geter maneh lan sing metu nomer sing padha mau. Mbok menawa pancen ana kang wigati banget. Banjur, aku nga- deg saka kursiku, banjur mlayu ning kamar mandi sing ana ing cedhak aula. Siska ora takon aku arep ning ngendi. Sajake nesu tenan karo aku.

Aku cepet-cepetmlebu kamar mandi, banjurngunci lawange. Bejaku, kamar mandi sekolahku resik lan wangi, dadi aku orawedi semaput ning njero suwe.

“Halo?” wangsulanku nampa tilpun.

“Halo. Betul ini Agatha Flma?”

“Nggih, eh, betul. Mmmm... Maaf, Anda siapa, ya?”

“Saya staff redaksi Majalah Remaja. Jadi begini, Agatha kan pernah mengirimkan cerpen ke redaksi majalah kami, setelah kami baca, temyata layak muat. Kalau cerpen Agatha dimuatdi Majalah Remaja bagaimana? Agatha setuju?” mangkono swara sing diru- ngu Agatha saka HP-ne.

Kesempatan sing tak tunggu-tunggu wusanane teka uga! Da- di, ora mungkin tak tolak!

“Tentu, Mbak. Boleh,” semaurku kanthi swara seneng.

“Baiklah kalau begitu. Honornya akan ditransfer ke nomor rekening kamu, lalu kamu akan dikirimi majalah yang memuat cerpenmu. Terima kasih kalau begitu. Selamat siang, Agatha.”

=. ga