Kaca:Sandhal Goreng.pdf/110

Kaca iki durung katitiwaca

sandhal Goreng


“Iya, nuwun sakdurunge, Des. Yawis gek mulih, yuk! Meng- ko isih bali mrene meneh, ta?” ajakke Anik,

Banjurpadhanjupuk motorlan padha budhal dhewe-dhewe.

Bengi kuwi jam setengah pitu, sekolahan wis rame banget kebak kursi sing lagi padha ditata lan panggung sing lagi padha dihias karo bocah-bocah OSIS, Banjursing wis padhalolos seleksi padha ngusungi alat-alat musik kanggo latiyan neng nduwur pang- gung. Wengi kuwi katon rame banget. Ning njaba sekolahan okeh wong kang padha ndelok.

“Eh... ..., Des. Mau wis tok aturke Pak Gun, durung?” pita- kone Luthfi lirih.

“Wis, tenang wae,” wangsule Desi.

Luthfi ngroso wis tenang bengi kuwi amarga basdrame wis dibenakke. Gladhiresik bengi kuwi wis ketok apik banget. Ngen- teni sesuk-esuk piye penampilanne bocah-bocah.

Sabtu esok sekolahan wis kebak murid-murid.ora ming saka elas 3 nanging sak sekolahan padha nglumpuk dadi siji. Dina uwi bareng karo pengumuman kelulusan. Kabeh murid-murid elas 3 lulus kabeh. Kabeh ngrasa seneng dina kuwi.

Rampung pengumuman, PENSI diwiwiti. Band pembuka diwakili saka OSIS lan tari-tari saka kelas siji banjur diterusake krawitan.Wektune penampilan saka band-band kelas 3. Mbaka siji klompok band nampilke kemampuanne. Ora krasa gilirane Luthfi CS maju kanggo band penutup.

Luthfi, Anik, Ida, Desi, Johan lan Runi wis padha “pedhe” munggah panggung. Lagu sepisanan dimainke apik banget, nanging Luthfi ketok ora nyaman meneh karo basdrame. Basan agu kapindho wis arep rampung, ora krasa basdrame jebol. Na- nging disamarke nganggo swara bass sing dicekeli Anik, Sing

adha ndelok neng ngarep padha ngerti lan ngguyu cekakakan. Luthfi mudhun panggung karo kisinan.




Or