Kaca:Sandhal Goreng.pdf/12

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


“Nggih, Mbak. Terima kasih juga.”

Aku seneng banget! Meh wae aku njerit saking senenge. Un- tung wae aku isih eling yen aku ana ing njero kamar mandi. Nek aku nganti mbengok, dikira ana apa-apa.

KK

Sewulan, rong wulan, telung wulan mlaku.

Rasa senengku wis wiwit sirna saka atiku. Akeh pitakonan ngebaki pikiranku. Apa surasane ing tilpun biyen mung apus- apusan? Apa diundurlengemot? Apa, apa, apa... Aku jeleh dhewe karo kabeh pitakonanku.

Pikiranku ngungun. Dumadakan ana alesan masuk akal sing liwat ing pikiranku.

“Gek-gek merga Siska!” aku nyoba ngentha-entha.

Ya, mbokmenawa pancen bener. CaraneSiska nampa tilpun saka redhaksi Majalah Remaja kae pancen ora pantes, apa meneh nganggo ati nesu lan misuh-misuh. Wis, mesti merga kuwi! Amar- ga ora sopan. Ya ampuuuuuunnn...


KAN

Lagu Fergalicious keprungu saka ringtone HP-ku. Lagu nge- lingake babagan sing marakke aku kelingan karo pepinginanku telung wulan kepungkur. Takjupuk HP-ku sing laginyuwarakake salah sijining lagu favoritku.

“Halo?”

“Selamat siang. Apakah betul ini Agatha Elma?”

“Iya, ada apa, ya?”

“Saya dari Majalah Remaja. Majalah Remaja telah memutus- kan akan memuat cerpen yang pernah Agatha kirim, Namun se- belumnya saya ingin ngobrol-ngobrol dulu mengenai cerpen ka- MU. aaa ana aan mg dumadakan swara wong saka redhaksi Majalah Remaja kuwi ngilang.

Aku kriyap-kriyip. Takdeleng jeneng sing ana ing layar HP- ku. Jebule tilpun saka Anggi, kancaku. Pranyata tilpun mau sing marakake swara redhaktur majalah Remaja kuwi kandheg lan ilang. Tilpun saka Anggi mau banjur tak angkat.

WA