Kaca:Sandhal Goreng.pdf/13

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


Aku narik ambegan landhung, ngeling-eling kedadeyan sing meh wae nggawa aku napaki tataran sepisanan keberhasilanku.

Kegagalan setaun kepungkur tak alami maneh seminggu ke- pungkur. Pas dina Kemis, bali sekolah, adhiku takon karo aku, “Mbak, mau ditilpun saka Majalah Remaja, ora?”

“Hah? Guyon kowe! Ora mungkin, lah!” semaurku.

“Welaaaaahh.... Dikandhani kok ora percaya!”

“Ngapusi, ah kowe!”

“Takon wae karo Ibu! Mau Ibu sing ngangkat tilpune!”

Aku banjur cepet-cepet nggoleki Ibu, mundhut priksa sak tenane kepriye.

“Tya. Mau Majalah Remaja tilpun. Ibu matur yen kowe isih sekolah, banjur Ibu menehi nomer HP-mu. Ibu wis mundhut prik- sa, arep titip pesen apa ora, nanging jarene arep ngomong dhewe aro kowe bab cerkak sing tok kirimke. Apa ora tilpun ning HP- mu?” Aku ngrogoh sak rokku, njupuk HP-ku. Pas tak delok, ana missed call loro, nanging aku ora kenal nomer kuwi.

Aku banjur ngobrak-abrik lemariku sing kebak koleksi maja- ahku. Tak cocokke nomertilpun mau karo nomer tilpun Majalah Remaja. Cocok! Langsung tak coba nelpon nomer mau. Tilpun diangkat lan operator sing nampa tilpunku takon nomer erfension agian sing, tak karepke. Aku ora ngerti. Wis tak jelaske yen aku mau ditilpun karo redhaksi ngenani cerkak sing tak kirim. Jarene operator mau, akeh bagian ing kantor iku, kudu ngerti jelas sapa sing dikarepke. Tilpun tak tutup. Aku nglumpruk, lungguh ing rursi. Luh ing mripatku ora krasa mili liwat pipiku. Aku ngrasa getun banget. Ilang meneh kesempatanku...