Kaca:Sandhal Goreng.pdf/14

Kaca iki durung katitiwaca

Futsal Ngombe

Dening Farieza Rahman

TG

Jenenge Hisbul putrane ustadSlamet, kelas siji sekolah neng SMA 1 Gamping. Dheweke duwe kesenengan main futsal karo kanca-kancane. Awan kuwi Hisbul gawejanjian karo kanca-kan- cane arep latiyan futsal engko bengi, amarga bubar ujian kanggo nyegerake pikiran maneh lan kanggo seneng-seneng ngepasi ma- lem minggu. Maine futsal ana ing cedhak Mandala Krida. Isih ana wektu longgar, mula dheweke bali sekolah banjur turu dhisik te- kanmeh magrib, banjur dheweke adus lan siap-siap. Sawise sholat isya' Hisbul pamit karo bapakne arep futsal karo kanca-kancane,

“Pak, kula kalih kanca-kanca badhe latiyan futsal wonten ing celak Mandala Krida,” pamite Hisbul marang bapake.

“Ya, ngati-ati wae, Le. Nekwis rampung gek bali wae,” ngen- dhikane Bapak.

“Injih, Pak, mangke kinten-kinten kulo wangsul jam sedasa dalu. Badhenyewa lapangane sedasa ewu, Pak,” Hisbul sumaur.

“Ya, iki duite, aja dianggoliyane, ya,” ujare Bapak karo ma- ringke dhuwit.

“Matur nuwun, njih Pak,” wangsulane Hisbul karo nampa dhuwite.

Hisbul mangkat dhewekan amarga kancane ora isa bareng. Wektu kuwi jam setengah sanga bengi. Amarga maine jam sanga, dheweke mangkate alon-alon sinambi ngrasake hawa wengi kang rada mendhung. Angin wengi kang adem ora nyurutake semangate Hisbul kanggo latiyan fufsal. Lampu-lampu ing pinggir dalan ma- dhangi dalane Hisbul.



min