Kaca:Sandhal Goreng.pdf/15

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


“Penak tenen hawa wengi iki. Adhem tur marakke segering awak,” grenengane sinambi nunggangi Yamaha Virion abang, Neng dalan Hisbul ora mandheg nyanyi, kabeh lagu sing disenengi direngeng-rengengke. Sinambi numpak montor, Hisbul uga sms- an karo pacare, pamit menawa arep main futsal.

Jebule Hisbul teka dhisik dhewe tinimbang kanca-kancane, Oraletsuwe kanca-kancane banjur pada teka uga ing panggonan

futsal. Rasane seneng lan lega amarga bisa nyegerake pakiran. Dhek awan mau lagi wae bubar ujian semesteran kenaikan kelas. Hisbul an kanca-kancane padha kringeten. Ora krasa wis meh rong jam anggone futsal, banjur pada ganti klambi. Rampung futsal Hisbul krasa kesel banget. Pas arep bali dhe- weke kelingan yen kancane ngajak ulang taunan. Jebul acarane uwi ora ana ing omahe kancane malah ana ing café.

“Wah panganane bakal enak-enakiki, mantep tenan barkesel futsal banjur mangan enak-enak,” bayangane Hisbul rada nglam- Tang.

Nanging, kedadeyane ora padha karo seng dibayangke His- bul. Kancane mau malah tuku “wedang galak” utawa omben-om- ben pirang-pirang, botol. Sajane Hisbul ora gelem lan wis nolak tenanan nanging kancane kuwi malah meksa lan nyekoki Hisbul nganti “wedhang galake” entek. Hisbul banjurmabuk lan ora eling yen wisjanji karo bapake arep langsung bali bar saka latiyan futsal. Awake Hisbullan kanca-kancane banjurpada lemes nanging mek- sa bali numpak motor. Ning dalan Hisbul meh wae nabrak motor amarga dheweke mabuk banget.

Hisbul mandheg neng angkringan dhisik ing cedhak omahhe, amarga nek langsung bali dheweke mesti konangan Bapakne.

“Mas, jeruk anget setunggal,” panjaluke Hisbul karo bakul angkringan.

“Nggeh, Mas. Lho, Mas iiki putrane Pak Slamet, ta?” pitakone bakul angkringan.

“mjih, Mas. Kula putrane Pak Slamet,” saure Hisbul.

Bakul angkringan kuwi ngerti nek Hisbul bubar mabuk amer- ga omongane ora lancar lan matane abang semu ngantuk.



mbe