Kaca:Sandhal Goreng.pdf/16

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


“Saking pundi, Mas?” takone alus marang Hisbul.

“Bar futsal iki mau,” saure Hisbul rada sengol.

Sawise rampung le ngombe jeruk anget lan mbayar, banjur Hisbul bali neng omahe. Wengi kuwi wis jam sewelas. Hisbul ora rumangsa menawa wis telat sajam janjine karo bapake. Neng omah, bapake wis ketir ketirngenteni Hisbul mulih. Hp-ne Hisbul ora aktif. Tekan omah, Hisbul mlebu lan langsung dicegat bapake. “Ora bali esuk sisan, Le?” pitakone bapake karo kereng. “Nyuwun pangapunten, Pak. Kula lan kanca-kanca wau fut- sale kaleh jam amargi lajeng tumut turnamen, kula kesupen nga- bari, Bapak,” ature Hisbul gawe alasan. “Tumamen futsal apa turnamen mendem, Le?” pitakone ba- pake luwih mbengok. “Turnamen futsal kok ora mambu kringet, malah mambu om- ben-omben!” “Lhaniki wau nyambut klambi kanca kula. Keleresan klambi kula teles sanget banjur kula ngampil klambinipun Rudi, Pak.” Hisbul sumaurlan wangsulane saya ora memper karo kasunyatan sing diadhepi bapake. “Lha kok klambine kancamu mambu alkohol, kowe mabuk bareng, ya!” “Mboten, Pak. Keleresan parfume rencang kula ambete ka- dos alkohol,” wangsulane Hisbul sakecekele. Dheweke wis ora bisa mikir waras maneh amarga wis kadhung mabuk “berat”.

Krungu wangsulane Hisbul sing saya nasarmau, bapakesaya duka lan ngerteni menawa Hisbul mabuk “berat”.

“Wah, dhasar bocah kurang ajar. Pamite futsal malah ngom- be minuman keras,” getake bapake Hisbul karo saya duka.

Sakal Pak Slamet nggeret Hisbul, “Ayo, saiki melu neng ka-

4


mar mandi