Kaca:Sandhal Goreng.pdf/17

Kaca iki durung katitiwaca

Salah

Indah Subekti

TI

Ing wayah sore, Ani, Sinta, lan Rini padha ngumpul ing nga- rep omahe Ani karo ngenteni Lina arep padhalatiyan nari. Sinam- bi nunggu, swara musik disetel kanggo ngisi wektu. Ing penam- pilan tari, sing disenengi lan dibiji ora mung gerakane, nanging kekompakane para penari. Ani, Sinta, Rini, lan Lina wis padha kekancan wiwit cilik, dadi padha ngerti sipate siji lan sijine. Baba- gan kuwi banget anggone mbiyantu anggone padha ngatur tari supaya bisa nyawiji obahe.

Wis telung taun iki, Ani lan kanca-kancane latiyan tari kelom- pok. Menawa ora ana acara saka sekolahan, bocah-bocah mau padha ngisi acara ing kampung utawa panggung seni. Ora mung hobi sing bisa disalurake, nanging uga oleh dhuwit kanggo keper- luwan sekolah.

Sawijining dina, nalika lagi padha latiyan ing omahe Ani, ka- ton ana mobil mandheg sangarep omah. Ana wong lanang metu saka mobil, praupane bagus, awake gedhe nanging katon luwes. Pokoke, nengsemake menawa disawang.

“Kae, sapa, ya. Ana wong lanang bagus mara mrene, Kok aku durung tau weruh sadurunge?” ujare Rini karo inguk-inguk saka jendhela.

Ani dhewesing duweomah uga bingung, sapa wong lanang sing teka ing omahe.

“Sedulurmu, pa An?” pitakone Rini ngambali maneh sajak kepingin ngerti.