Kaca:Sandhal Goreng.pdf/18

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


“Kulanuwun,...kulanuwun,” salame tamune Ani.

Kanthi isih durung permana marang wong lanang mau, Ani mbukakake lawang karo manggakake.

“Mangga mlebet . , Iho?” Ani ora mbacutake.

Kaget campur seneng, amarga tamu kuwi Om Toni, adhike ibune Ani sing dalemeana ing Jakarta. Wiwit cilik, Ani wis dimong karo Om Toni lan merga kuwi Ani lan Om Toni dadi cedhak ba- nget. Seprana-seprene Om Toni ora tau ngabari kepriye kahanane ing Jakarta, mula basan kepethuk, kaya-kaya rasa kangene Ani dadi kaya ditambani.

“Om, apa kabar? Sae-sae mawon, ta!” pitakone Ani.

“Iya, apik-apik wae. Aku mau mentas wae saka dalemeibu- mu, banjuraku mampir mrene arep niliki anggonmu latiyan nari,” mangkono wangsulane Om Toni kanthi grapyak.

“mjih, Om. Niki kula lan kanca-kanca nembe latiyan nari kangge pentas.”

”O, mengkono. Aku neng Jakarta uga dadi pelatih tari, Iho,” andharane OmToni, “apa kowe sakanca perlu ditambahi ilmu nari saka Om?”

“Wah, purun sanget, Om. Menawi mekaten, Om Toni dados guru nari kula sakanca, nggih. Kersa, ta Om?” panjaluke Ani.

“Nek kabeh padha gelem, aku ya ora kabotan, Seneng-seneng wae aku nduweni bocah-bocah kang semangat anggone latiyan nari,” ature Om Toni kanthi semangat.

“Inggiiiiiiiiih, Om. Kula sami remen diajari tarian enggal,” saure bareng-bareng.

“Sesuk ya, latiyane diwiwiti,” pangajake Om Toni.

Amarga wis wayah sore, Ani lan kanca-kancane banjur mu- lih. Omah kuwi ditinggal amarga mung dianggo latiyan wae sa- ben dinane.

Sorecandhake, Ani lan kanca-kancane padha kumpul maneh ing omahe Ani kanggo latiyan nari. Wektu kuwi kanca-kancane Aniluwih semangat tinimbang biyasane amarga bakal diajari Om Toni. Sinambi nunggu, padha latiyan gerak supaya lincah sinambi




ma.