Kaca:Sandhal Goreng.pdf/19

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


ngreka gawe bentuk-bentuk kreasi tarian anyar. Karepe supaya budaya Jawa kuwi ora ilang lan dilalekake dening wong-wong ing jaman kang sarwa instant iki.

“Wis padha latiyan, to jebule,” pitakone Om Toni.

“Sampuuuuun....,” wangulane bocah-bocah.

Banjur, latiyan diwiwiti dibimbing dening Om Toni. Akeh banget gerakan sing anyar sing sadurunge durung dimangerteni. Saking senenge nganti ora krasa menawa wektu latiyan wis kli- wat. Telung dina anggonelatiyan dibimbing dening Om Toni, akeh kemajuwan sing dirasakake dening bocah-bocah.

Wis tekan wancine pentas. Kabeh padha mangkat menyang papan pentas seni. Ing papan kang dituju, bocah-bocah wis siap maragakake tariane. Klambine lan peralatane wis siap. Wektu manggung kurang sedhilit, nanging Ani kaget setengah mati. Dhe- weke kelingan menawa kaset pengiring sing digawa salah. Kaset sing digawa jebulane kanggo tari dance, dudu tari tradhisional sing saben dinane digladhi.

“Aduuuoooooh, matek iki....,” kandhane Ani karo rada lirih marang Lina.

“Lin, mau kae kasete nggawa pira?” Ani ngambali maneh pi- takone.

“Ya mung siji, ta. Sing ning ndhuwur tivi kae.”

“Oalaaaah. Kuwi kasete Om Toni. Dudu kasete awake dhe-

“Terus kepriye iki. Yen bali ya ora mungkin, wong omahmu adoh banget saka kene,” kandhane Rini,

Kabeh padha bingung amarga kasete salah nggawa, nanging panganggonetari tradhisional wis lengkap. Bingung arep kepriye maneh, wusanane padha nekatmunggah panggung lan njoget kan- thi gerakan sing rada beda. Gerakane digawe luwih semangat kanti improvisasi bocah papat kuwi. Gerakane digaweluwih sema- ngat lan kaya tari dance, dudu tari tradhisional murni. Kanthi ora sadhar, bocah papat mau wis padha kompak anggone nari. Siji lan sijine wis ngerti kudu kepriye ngimbangi gerakane kancane.

mw 10 =