Kaca:Sandhal Goreng.pdf/20

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


Dadine, tarian tradhisional dicampur karo tarian dance. Maune sing rada kagok amarga tarian lan lagu pengiringe ora pas, saiki malah dadi kepenak lan tambah semangat amarga gerakane luwih variatif lan dinamis.

Wusanane, kelompok tari Ani cs dadi misuwur. Ing pentas seni kuwi ana stasiun TV sing ngliput lan nyiyarake tarian kreasi anyar kuwi. Saiki, kabeh wong padha ngerti kelompoke tari Ani, Akeh tanggapan lan uga akeh dhuwit. Kabeh mau jalaran saka salah njupuk kaset pengiring tarian tradhisional, saengga metu kreativitas kanggo nutupi kekurangane. Ora dinyana, kuwi mau malah ndadekake misuwur. Om Toni seneng meruhi bocah-bocah saiki wis padha misuwur.

ne NT e