Lemek Turu
Radicha Nur Widyaningtyas
TI
Bubaran sekolah uwis Kliwat. Srengenge cahyane jejeg kaya- ta payon bumi. Godhongan pating sebar dibarengi pit onthel ngebakki dalan kidul dusun Sidoarum. Slamur-slamur swara gu- muyu bocah sing bengak-bengok kaya banyak samsaya suwe saya sero wae swarane.
“Horee, ayo kabeh padha dolan wae. .!” swarane Sarmo.
Sarno bocah lemu, pakulitane ireng, lan yen menganggo klam- bine tansah kumlebat ngalorngidul. Rupane Sarno yen disawang marai mumet. Weku kuwi dheweke katon mlaku nggawa dhom- pet sing isine dhuwit seket ewu.
“Mbok, aku wis tekan ngomah. Madhange, endi? Kok mung ana jangan teri?” pitakoneSarno bengak-bengok nggetak simboke.
“Mbokya wisuh dhisik, ta Le. Bali-bali kok jujukane wakul ngapul wae. Simbok duwene mung kuwi saiki,” wangsulane Sim- boke.
“Ah, apata iki. Ket mau ning omah kok ora temandang ma- sak,” kandhane Sarno samsaya ndadi anggone ngoceh.
“Tuku wae, pa?. <.” durung rampung simbok ngendika, Sarno wis mbanting lawang kamare,
Ora suwe ana swara blombongan montor GL mandheg ing ngarep pekarangan. Sarno mlayu gumludhug saka kamar lan mbe- ngoki ibune, “Aku tak dolan sik. Rasah nggolekki aku, Mbok.”
wkk
ma 19 wo