Kaca:Sandhal Goreng.pdf/22

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


Lingsirwengi kang teka ora dinyana-nyana, manuk-manuk podho baliing susuhe, adzan isya wis keprungu. Simbok nyawang dalan nunggu ana swara pit montor sing ngeterke anake lanang bali.

“Dhuh, Sarno. Kowe ki nang ngendi? Yahene kok durung ana ambune,” batine simbok kemrungsung ngenteni anake bali. Sanajan Samo bocahe mbejujag, ora tau niyat sekolah, ngeyelan, nanging simboke tetep tresna lan gemati marang dheweke.

“Dhok....dhok....dhokk.” lawang ngarep didhodhok kanthi sero. Gage simbok mbukakke lawang ngarep.

“Jam pira iki? Bocah dolan kok ora ngerti wektu, ki piye? Arep dadi apa kowe,” ngendikane simboke karo rada duka.

“Ah, embuh,” Sarno lunga ora nyauri pitakone simbok sing ndrejes kaya udan.

Samo tumuju marang tempat tidur lan banjur turu kepati.

ii

“Kukuruyuuuuuuuk..... ..,” swara pitik jago duwekketangga- newis nggugah turu.

“Le, cepettangi, ta. Wis jam Z iki. Arep sekolah ora, ta kowe?” simboke ndhodhog kamare Samo.

Sarno kaget, banjur raup ora kober adus. Grusa-grusu ora ngerti cekelane. Njupuk tas, buku, sak entukke. Sepatu kewalik- walik ora dibenerke.

“Mbok, aku tak mangkat, sik. Wis telat banget,” bengoke Sar- no. Saka pawon simboke gage-gage metu arep menehi sangu.

“Ora sarapan dhisik, ta Le?” ngendikane simboke sing ora ngerti menawa Sarno wis bablasn gepit ora tilas.

Tekan sekolahan, “Ngapunten Bu, kula telat sakmenika. Wau niku. ....” durung kobergawe alasan supaya ora disetrap, Bu Guru wis ngendika, “Uwis. Ngadekka ning pojok kelas. Nganti budhal jam pelajaran sepisan.”

“Modar aku,” batine Sarno ora bisa suwala.

me 13