Kaca:Sandhal Goreng.pdf/23

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


“Saiki, Ibu arep maringi tugas nggambar nganggo cat air. Te- mane panorama pesisir. Ditumpuk rong dina maneh, ya,” ature Bu Guru karo paring katrangan.

Kelas banjurrame banget. Kabeh bocah pada bingung sesuk arep nggambar apa.

“Tobat.... tobat... nggambar wae aku ora jedhag. Kepriye kuwi njuran,” batine samo adem panas, gembrobyos ora karuan.

“Parto, aku gambarke, ya!” panjalukkeSarno marang Parto.

“Wegahra sudi. Tugase dhewe-dhewe. Nggarap yo dhewe- dhewe. Dadi bocah kok ora tau usaha,” saurane Parto atos banget.

“Ealah, bocah wingi sore. Wani kowe karo aku,” “saklebatan Parto lungo tanpa mengo lan nyauri Sarno si bocah “sarap”.

Tase Sarno dituthukake sirah. “Pleek..” krasa rada lara. Rambutisih gluput, di enggo ndhelik pasir, dak usek-usek nganti semrawut. Tase dik sawatake pojok kamar, natap bipet. Isine buku, kertas, mabur-mabur. Luwe

Sirahe mundhak abot kaya nyunggi gunung. Pating crekot mikir campur-campur. Arep dolan awak rasane ora sreg. Polah ngalor ngidul ora ana entekke. Usek wae.

“Blakk..” Ndadak tangan kudu mbanting lawang. Seka se- lane swara jememblek, grenengane simbok ngundang Sarno. Tetep isih tang anggep lemut liwat. Jane aku ya ngerti, simbok arep takon apa.

“Kowe, kingapa, ta, kok ora kaya biyasane!” dhawuhesimbok.

“Ora papa, kok Mbok,” swarane Sarno nuduhake menawa atine lagi susah.

NjenggeratSarno tangi saka kasur, mbukak buntelan isi buku lukisan saka sajeroning kerdus. Buku sing disengiti kepeksa di- bukak.

Ambune.... Sreng.......... ngampet wahing Sarno wiwit mau. Males-malesan Sarno nggambar panorama pesisir manut kaya nggon buku ing kerdus mau. Bola-bali ganti kertas. Nganti arep ngentekke sabuku gambar kandel kae.

“Ah luweh. Angel tenan nggambare.”




mo 14