Kaca:Sandhal Goreng.pdf/24

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


Sarno banjur metu lan mbanting pensil HB sing dianggo nggambar.

Metu kamar, banjur madhang sego. Sambi muni-muni lan nyetel radhio sak sero-serone. Marai kuping budheg.

“Sarmo, rindhikke! budheg simbok ngrasakke,” saka kamar simbok bengak-bengok keganggu swara radhione Sarno.

Swarane simbok kaya angin mung sumilirwae, ora tau diga- gas karo Sarno. Uteke kopyor, alah denesaka polahe dhewe kaya presiden sing mikir negara gedhe. Bubar madhang Sarno mlebu meneh ing kamar, lungguh kursi tuwa sing oyag-ayig kaya arep semplok.

“Ealah Gusti, apa iki ukumane nek aku ora tau maca buku. Basan oleh garapan pisan kok uaaangel banget. Marai lara untu,” grundelane Sarno.

Samo mung meneng wae kaya-kaya lagi nunggoni endhog pitik blorok.

“Uedan....... Uedan........ bocah-bocah wis do wani. Ora ma- nut apa karepku. Kemaki,” gresulane Sarno mbayangake kanca- kancane sing mau ora gelem nggarapke tugase.

“Tak njajal pisan engkas,” pikire Sarno.

Kanthi pikiran sing lagi cupet, Sarno banjur mbacutake ga- rapan nggambar mau. Tambah kotos-kotos kringete. Tangane sing kaku dipeksa nguleng-uleng potlot kayu nggawe corekkan. Sejro- nerong jam garapane mau uwis bisa rampung.

“Sip. Gambaranku dadi saiki. Hahai.....0ra susah bingung meneh,” batine Sarno seneng banget. “Mbok, Simbok, aku tukokke catair, ya Mbok. Sing larang kae, lho,” penjalukke Samo marang simboke. Sandalan jepit, simboke metu saka omah menyang wa- rung kidul desa nukokke anake cat air kaya sing dikarepake.

“Lha gilo, catairewis gari nganggo. Kowe bisa, ta?” pitakone simbok marang anak lanang sing lagi kelegan.

Oraletsuwe, gambarane Samo dadi. Nanging amarga kesel, Sarno keturon nganti angler. Sirahe ora krasa nemplekning nduwur


meja, nutupi gambare sing wis kasil dirampungke kanthi rekasa.

mw 15