Kaca:Sandhal Goreng.pdf/25

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


Anggone turu nglintek, ora bisa digugah sapa-sapa nganti swara radhio kalah karo swarane Samo sing lagi ngorok. Sarmo nggorok sero banget, ilere ndlewer nganti nelesi gambare. War- nane gambaran dadi campur-campur. Kaya gambar pulo ing In- donesia. Ijo campur biru, kuning. Pokoke ra karu-karuwan wer- nane.

Telung jam luwih anggoneSarno turu. Basan wis tangi, dhe- weke gragapan lan kaget karo apa sing dideleng ing ngarepe.

“Aaargh.... Gambaranku. Ya ampuuuuuuuuuuuuun.....,” bengoke Samo sing lagi wae tangi, mbukak matane. Ing ngareppe wis ana gambaran kang ora wujud maneh. Kaget kaget tenan, ka- ya kesetrum rasane.

“Braggg.. ....” mejane digebrag. Gambare diwolak-walik ora genah.

“Ngimpi ora aku iki,” batine.

“Simbok... Simbok... iki piye, Mbok. Gambare ditumpuk sesuk esuk, je.” Pambengoke Samo bingung banget.

Saka lawang Simbok mlayu kaget amarga swarane Sarmo gedabigan kaya wong bar kemalingan.

“Ana apa, Le, kok bengak-bengok?” pitakone Simbok.

Sinambi ngangkat gambare, Sarno meduhake gambaran sing ketindes ilere sing akeh.

Sarno gedrug-gedrug jubin, kaya-kaya arep njebol jobin omahe. Matane mbrambangi. Irunge wis sentrap-sentrup sinambi ngomong marang awakke dhewe.

“Aku sesuk bakal piye.......?”

4


mw 16 =