Kaca:Sandhal Goreng.pdf/26

Kaca iki durung katitiwaca

Apese Wong Plesiran

Pandji Saputro

TG

Wayah esuk umun-umun mbarengi jumbedhule bagaskara mbukalembaran-lembaran citra anyar, Sumiliring angin rumasuk ing sela-selaning kulit. Tetesing bun wayah esuk mblasah ana pu- cuk-pucuking gegodhongan. Kaya biyasane, Wilton miwiti dina kanthi asung donga marang Gusti Kang Murbeng Dumadi.

“Alhamdulillah, Gusti Pangeran taksih maringi kalodhangan kanggo aku ngicipi pait getirrasaning donya, "dongane Wilton ing pungkasaning ukara.

Sawise asung bakti marang Gusti, Wilton tata-tata kanggo mulang ing salah sawijining sekolah pinggiran kutha.

“Mami... Mamiku sayang sing tak tresnani,” swarane Wilton sing renyah ngundang Jeng Alfi

“Nggih, Papi,” wangsulane Jeng Alfi karo nggawa kopi lan gorengan saka pawon.

“Mi,. .. aku arep omong karo sliramu.”

“Oh... nggih, Mas. Wonten menapa?”

“Sesuk kuwi aku prei anggonku mulang. Lha, piye yen awake dhewe plesiran?”

“Hmmm... mmm,” Jeng Alfi ora semaur, mung mesemliring mripat ditempuke karo mripate garwane sajak seneng campur ma- rem diajak plesir karo garwane.

“Ya refreshing sithik lak ora apa-apa ta, Mi?” ujare Wilton katon mesem.

“Emang plesire ten pundi, ta, Pi?” pitakone Jeng Alfi.

ne] ee