Kaca:Sandhal Goreng.pdf/27

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


“Pokoke plesir. Sing penting sesuk cepakna apa sing kudu digawa!” ujare Wilton disambi ngombe kopi.

Wilton, sawise ngenteke kopi lan gorengan banjur mangkat menyang kantore. Sakiwa tengening dalan mung ketok gumuk pa- sir sing katon endah disawang. Dheweke tetep nrima apa sing wis diwenehake Gusti, senajan panggonane adoh saka kutha. Wil- ton tetep seneng mulang ing sekolah sing papane adoh kuwi.

“Menawa dinikmati, rak ya dadi kepenak,” batine Wilton sa- ben dinane.

Ora let suwe, Wilton tekan sekolahane.

“Assalamu alaikum.” ujar Wilton

“Wa alaikum salam, pak guru!” wangsulane para siswa

“Guten Morgen,” salame Wilton nganggo basa Jerman

“Guten Morgen.”

“Ve geht es ihnen.”

“Gut danke.”

“Danke gut.”

“Bocah-bocah besuk iiki awake dhewe prei,” kandhane Wil- ton marang para siswa.

“Hore. . . hore... prikitiew. ..”

“Nah, kanggo tugas ning omah gaweya die Kurzgeschichte utawa cerpen lan ditumpuk minggu ngarep!”

“Huuuuuu. . Huuuuuu.. .Huuuuuuu. . .,” sauté para siswa katon kuciwa.

“Teng... teng... teng...”

Bel bali wis muni. Para siswa katon seneng krungu bel kuwi mau. Kabeh mulih ning omahe dhewe-dhewe. Wilton sing wis duwerancangan anggone arep lunga karo garwane banjurmulih menyang omah.

Sawise tekan omah lan nyelehake pit montore ing mburi pa- won, Wilton mlebu omah.

“Eh, Papi sampun kondur?”

“Iya, Mami.”

“Pripun wau ten sekolahan?” pitakone Jeng Alfi.

me 18