Kaca:Sandhal Goreng.pdf/28

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


“Alhamdulillah apik.”

“Wah, manteb nggih!” saure Jeng Alfi marang garwane,

“Mi... sing arep digawa sesuk wis dicepakake, ta? pitakone Wilton.

“Sampun papiku sing tak tresnani!”

“Sip.”

Wayah esuk Wilton lan garwane tumuli tata-tata plesir. Bu- ngah rasaning ati Jeng Alfi diajak plesir dening Wilton. Tekan ing papan plesiran hawae adhemrumasuking badan. Papan kuwi sawi- jining pegunungan sing pancen endah banget sesawangane lan seger hawane. Wong loro banjur padha dolanan kaya bocah cilik sing lagi seneng tamasya. Wektune nggremet ora krasa wayah san- saya sore. Wiltonlan Jeng Alfi tumuli bali numpak sepeda motore.

Ing tengah-tengahing laku, dumadakan wong loro dikageta- ke dening swara ban motor mbledhos, “dhuarririr..” wong loro padha kaget sakal.

“Sastropilloh... mandheg-mandheg, Pi!” ujare Jeng Alfi karo cekelan gegere Wilton kenceng.

“Astaghfirullah, Mi!”

“Haduh-haduh. ...”

Sepeda motore isi tetep mlaku banter. Wilton durung bisa ngu- wasani motore, banjur....

“Nyit. .. Nyit. . ngeng... gubrak...”

“Adhuh... adhuh manukku nyangkut!” ujare Wilton nye- ngir kelaran.

“Papi... adhuh kok apes, ta!”

“Ambuh.. . montor rosok! Trembelan gadhung! Kampret!” ujare Wilton katon muni-muni mangkel.

Nelangsa tenan nasibe Wilton lan Jeng Alfi nalika ban mburi motore bocorlan nabrak buk ning tengah desa kluthuk sing ketoke nyenyet. Disawang wong loro ing sakiwa tengene akeh watu-wa- tusing tinata rapi jentrek-jentrek. Basan ditamatake temenan, jebule maejan. Langit wis katon peteng. Swara manuk guwek sing asale saka tengahing kuburan nggawe wulu githoke ngadeg kabeh.

me 19