Kaca:Sandhal Goreng.pdf/29

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


“Pi, kok apes banget awake dhewe?” ujare Jeng Alfi marang Wilton.

“Hara, Mi. Wis ban bocor, lewat tengah kuburan meneh.”

“Pi, aku mrinding.”

“Sing kuwat wae, Mi.”

Ora letsuwe kabut wiwit ngemuli wewengkon kono. Wilton lan Jeng, Alfi gage-gage golek omah kanggo leren lan nginep.

“Pi, kuburan kok ra entek-entek?” kandhane Jeng Alfi ma- rang Wilton.

“Mbuh, aku ya saktemene wedi.”

“Papi, ketoke kae ana angkringan.”

“Eh, iya! Mandheg rana ndhisik ya, Mi!”

“Ya. Aku yo wis krasa ngelih!”

Wilton lan garwane tumuju angkringan sing ana ing pojok gang cedhak kuburan.

“Ngersakke menapa, Mas?” pitakone bakul angkringan.

“Jahe anget kalih gendhise sekedhik kemawon,” wangsulane Wilton.

“Sekedhap, njih, Mas!”

“Mas, wonten celak mriki menapa wonten tambal ban?” pita- kone Wilton katon lugu.

“Waduh, mboten wonten, Mas!”

“Cilaka iki, Pi!” bisike Jeng Alfi marang Wilton.

“Wah, terus piye nasib awake dhewe ya, Mi?” ujare Wilton kanthi memelas.

“Oh, nginep mawon, Mas!” ujare salah sijining wong sing melu mangan.

“Lha, wonten pundi?” piakone Wilton karo nyruput wedhang jahe.

“Panggenanipun Mbah Srontol mawon. Menika sesepuhing dusun mriki.”

“Dalemipun pundi?” pitakone Jeng Alfi.

“Mangke kula dherekke,” wangsulane bocah sing jenenge Kuncung.


ma 20)