Kaca:Sandhal Goreng.pdf/30

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


“Matur nuwun sanget.” kandhane Wilton.

Sawise wareg anggone mangan ning angkringan, Wilton lan garwane tumuju omahe Mbah Srontol. Sadawaning dalan mung tansah nemoni wit-witan sing ledhung-ledhung. Ganda kembang semboja nyegrak tumusuk ing sela-selaning irung gawe saya meng- kirik wulu githoke.

“Kula nuwun, Mbah!” ujare kuncung ing ngarepe omahe Mbah Srontol.

“Ya, sapa, ya?”

“Kuncung, Mbah.”

“Woalah dalah, kene mlebu.”

“Matur nuwun, Mbah.”

Kuncung lan Wilton sarta garwane mlebu daleme Mbah Sron- tol. Wangine menyan rega limang gelo lan kembang telon ngebaki panggonan kuwi.

“Mbah, niki wonten tiyang saking kitha badhe nyipeng ing mriki!” ujare Kuncung.

“Lha, kok arep nginep nang kene ki ngapa?”

“Ban pit motor kula mbledhos. Badhe pados tambal ban na- nging tebih.”

“Nggih, sakderengipun ndherek nepangaken, kula Wilton lan menika semah kula. Asmane Alfi.”

“Banjur?”

“Kula lan semah kula menawi dipun keparengaken nyipeng mriki, mbah!”

“Iyo, misake lho! sauté Kuncung saka njaba lawang.

“Oke. . .kae kamar mburi ana sing kosong.”

“Matur nuwun, Mbah!” wangsulane Wilton katon bungah.

Bubarkuwi dheweke tumuju ing kamar mburi. Yen disawang panggonan kuwi kaya ana sing aneh. Ananging Wilton lan garwa- newis kebacut kesel lan ora nggagas kahanan ing sakiwa tengening panggonan kuwi.

“Pi, aku takut!” ujare Jeng Alfi karo nggoceki pundhake Wil- ton.

a