Kaca:Sandhal Goreng.pdf/31

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


“Wis ta, mung tekan sesuk kok!”

“api...”

“Wis, saiki turu wae!”

“Yah lah, Pi.”

Saking kesele, wong loro padha keturon angler banget nganti wayahesuk. Srengenge mlethek ing gegering gunung sisih wetan. Swara pitik jago kluruk mratandhani wayah esuk, Nanging Jeng Alfi isih katon turu angler. Dumadakan dheweke kaget nalika kra- sa tumetesing embun nelesi pucuking mripate. Banjur, dheweke ucek-ucek mripat lan lingak-linguk nggoleki Wilton.

“Yaampun Gusti. Aku ning endi iki? Kok akeh watu jlentrek- jlentrek?” bengoke Jeng Alfi.

Lagi tekan semono anggone gumun dumadakan dheweke krungu swara glodhagan sing asale saka tengahing kuburan. Kru- ngu swara kuwi mau, garwane Wilton banjur nekani wangunan sing ana ing tengahing kuburan.

“Papi, ngapa kowe turu ning kana?”

“Auh... ah...” swarane Wilton sing lagi angop.

“Pi, wungu, Pi!”

“Hah, ..!”

Let sedhilit Wilton tangi banjur kaget mangerteni menawa dheweke wis ana ning njero bandhosa. Sakal, Wilton gregah lan gage lunga karo garwane ngadoh saka panggonan sing wingit iku karo nggenjrit. Pit montor sing mau ban mburine mbledhos ngerti-ngertiwis kempling meneh. Pikirane wis ora sempat maneh ngagas kepriye dheweke lan bojone bisa nemoni lelakon kaya mangkono. Mung siji pepinginane, yaiku cepet-cepet tekan ngo- mah. Panggonansing kalebu wingit kuwi jebulane alas sing jaman landa biyen kanggo mateni wong-wong pribumi.

ma 29 mo