Kaca:Sandhal Goreng.pdf/32

Kaca iki durung katitiwaca

Bal Kesleo

Anwinanti Dyah Istiqomah

TG

Ing sawijining sore nalika srengengewiwit angslup, aku lung- guhing ngisorwit. Kepingin banget rasaneaku kumpul karo kan- ca-kancakusing padha asyik latiyan voli. Swara sorak-sora suporter lan pemain voli ing latar sekolahan agawe atiku jengkel lan meri. Ya, amarga tangan tengenku sing igih lara, aku during bisa melu latiyan voli. Rong minggu kepungkur aku nandang kesleo pas tetandingan voli. Tangan tengenku kesleo mergo nyemes bal kanthi kebanteren lan kenekuken ugel-ugelku. Ya mung kepingin entuk poin kanggo timku. Dumadakan, aku kaget nalika Dwi nyelehake tangane ing pundakku.

“Hei Ery... kok ngalamun, ki ngapa?”

” Eh kowe, to Wik, ngageti aku.”

“Sori, eh sesuk time dhewe arep turmamen. Piye kowe isa melu durung?”

“Emmm... piye, ya Wik. Satemene aku kepingin melu, na- nging tanganku durung isa takjak kompromi, je. Isih senut-senut.”

“Yawis ra papa. Kok, ketokke kowe malah kaya getun ngono ngapa?”

“Cethalah aku getun. Aku wis ngimpekke turmamen sesuk je.”

“Yowislah...rasah getun ngono. Taun ngarep kowerak isih bisa melu.

“Eh, ya. Sesuk kowe melu nyuporteri tandhingan tim nggone dhewe, ya. Ben rame!” pangajake Dwi.

me 93 e