Kaca:Sandhal Goreng.pdf/33

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


“Oke siap. Senadyan aku ora isa melu tanding, aku tetep teka ning GOR nyurporteri time dhewe!”

“Sip ... tenan, Er.”

“Iya tenang wae. Mengkoaku bakal dadi suporter sing paling heboh dhewe!”

“Kudu, senadyang kowe ora isa melu tanding. Tetep sema- ngat, ya Er.”

“Okelah. Ning ya dongakke, supaya tanganku gek ndang mari.”

“Wo, ya jelas. Muga-muga cepet mari, ya Er.”

Ora let suwe, srengenge wis katon angslup. Langit katon mendhung. Aku mulih kanthi nelangsa dikancani sorot rembulan sing bubarwae njedhul saka iring wetan. Jam enem aku lagi tekan ngomah.

“Thok....thok.....” aku nothok lawang.

“Bu...” celathuku sinambi ngadek ing ngarep lawang.

“Kok lagi mulih, ora melu latiyan voli, ta?” pitakone ibuku sinambi mbukakake lawang.

“Kulanamung ningali rencang-rencang latiyan voli. Wah ra- sane selak kepingin bisa melu latiyan voli maneh,” wangsulanku marang ibu.

“Woalah... ... tanganmu kuwi sek penting mari dhisik. Tok nggongumbahi wae omongmu isih lara, kok arepmikir main voli, Le. Wis gek adus kana,” dhawuhe ibu marang aku.

Aku banjur mlaku menyang kolah. Samsaya wengi swara jangkrik padha saut-sautan. Aku lan ibuku lungguh ing ngarep TV.

“Bu, menapa kula angsal nderek klub voli, mboten, mbenjang, menawi tangan kula sampun mantun!” pitakonku marang ibuku.

“Hess..rasah melu-melu kancane, Kakeyan kegiyatan. ....endi sing melu TS, TONTI, OSIS, arep melu apa meneh sakiki. Nganti omah ora sempatnyapu. Trus piyekowengaturwektu kanggosinau barang, Wis rasah melu. Akura setuju,” grundelane ibune sinambi nggetak.

ro 24 mo