Sandhal Goreng
Krungu katerangan mangkono, panggarep-arepku melu klub woli gagal. Aku banjur lungo klepat mlebu kamar, tanpa sak kecap omongan.
Aku satemene wis mantep olah raga voli, jebule panggarep- kumelu voli mung bisa tak impekke. Aku kudu kepriye meneh cara- nengrayu ibuku. Rasane wis ora ana pangarep-arep aneh, mutung atiku.
“Duoooh.. iyungalah, tanganku..!” bengokku rada sero.
“Ngapa kowe, ki. Bengak-bengok,” pitakone ibuku karo nuju kamarku.
“Tanganku gejeduk waton dhipan, luarane nggudubilah se- tan,” sambatku karo cengar-cengir merga tanganku lara tenan. Sajane kuwi mau mung kanggo nylamurrasaning atiku sing mang- kel marang kahanan sing dak alami.
“Mulane yen wong tuwa ngandani kuwi dirungokake. Wis gek nggo turu kana. Sesuk ndak kerinan,” dhawuhe ibu sinambi metu saka kamarku.
Swara kewan-kewan sing padha metu ing wayah wengi cetha, akeh sing saut-sautan. Swara kuwi nandhakake wayah tansaya wengi. Aku banjur ngeremake mripat tumuju alam ngimpi.
me 25 we