Kaca:Sandhal Goreng.pdf/35

Kaca iki durung katitiwaca

Mlotrok

Alfi Syifa Darmastuti

TI

SMAN 1 Tawangsari metu saka kelase. Ana sing jajan, gojegan, lan ana uga sing nggarap tugas ing sajroning kelas. Sinta katon karo Titi lagi jagongan sinambi ngentekke jajanane ing kantin. “Sin, piye anggonmu pentas ing Ramayana Prambanan?” pi- takone Titi marang Sinta. “Wah, aku isin buanget, kowe ngerti dhewe aku didhapuk dadi Sinta, ta? Wektu kuwi ora bakal daklalekake.”

wak

Ramayana Prambanan dadi papan kanggo Sinta mupuk ketrampilane. Dadi, saben-saben wulan Purnama, Sinta mesthi melu njoged ing Prambanan. Rong minggu kepungkur, ing wengi purnama, Sinta njoged ing Ramayana. Ing wengi kuwi Pentas Ramayana katon rame pengunjung. Sinta didhapuk pelatih tarine dadi peran Sinta pasangane Rama.

“Sin, kowe saiki dadi Sinta!” parentahe Bu Ati sing lagi mbagi peran ing dina kuwi.

“mesih, Bu,” Sinta mangsuli kanthi bungah.

Sinta sing mbangirirunge lan bangkekanenawon kemitnam- bahianggone njoged samsoyo nengsemake. Nalika dandan Sinta kelingan menawa dheweke lali ora nggawa tali sabuk, mula dhe- wek enembung marang Bu Bo.

“Bu, kula badhe ngampil tali,” panjaluke Sinta kanthi swara sing alus. Bu Bo banjurmenehi tali marang Sinta sing ndhingkluk sajak isin lali ora nggawa tali.

me 26