Kaca:Sandhal Goreng.pdf/36

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


“Maturnuwun, Bu,” wangsulane Sinta kanthi mbungkukke awake amarga arep ngliwati ngarepane Bu Bo. Bu Bo mung mesem,

Sinta dandan bareng karo penari liyane. Nalika naleni jarik nganggo tali sabuk sing diparingake Bu Bo, Sinta wis rumangsa menawa talenane kenceng. Amarga sinambi jagongan karo kan- cane, samparan sing digawe bola-bali ucul. Samparan yaiku wiru jarik singdipawe tlengser lemah lan dhawa, mula prelu ati-ati nganggone supaya ora nyrimpeti. Nganti ping lima Sinta anggone menerkejarike supaya kepenak dianggo. Njupuk mekak lan ilate, di temiti kanthi rapi. Jamang dinggo pas ing sirahe. Wusanane dandan awak wis rampung.

Saiki Sinta njupuk potlot alis lan nggaris alise alon-alon su- paya bisa mratandhake watake Dewi Sinta ing panggung Rama- yana. Dandan rai uga wis rampung. Saiki Sinta kari nunggu wektu pentas. Sinambi nunggu, Sinta jagongan karo paraga Trijata, yaiku Sari.

“Sin, alis mu apik,” kandhane Sari.

“Terima kasih, matumuwun, arigato, hehehe,” Sinta mesem

“Wo jan kowe kuwi lebay tenan, ”sauté Sari.

“Orapopo ben PD sithik, wangsulane Sinta ora gelem kalah.

“Yohlah, wis gek ndang latiyan maneh ndak salah mengko, ora sida PD malah isin”

“Inggih ndoro Sari,” Sinta munji Sari, ananging Sari mung mesem.

Wong loro kuwi wis padhalatiyan kanthi temenanan supaya bisa manggung nengsemake penonton. Ing Panggung Ramayana, penontone ora mung saka Indonesia, ananging uga pengunjung saka manca kayata saka Jepang, Belanda, Inggris, lan Prancis. Pen- tas ing Panggung Ramayana nampilakerong jinis crita, yaiku Epi- sode lan Fullstory.

Episode iku butuh wektu patang wengi kanggo ngrampunga- kedalancritane. Kaperang dadi wengi kepisan kanthi lakon Sinta Ilang”, wengi kepindo “Anoman Obong', wengi ketelu “Kumba- karnogugur', lan wengi kepapat "Sinta geni . Dene Fullstory mung

a A