Kaca:Sandhal Goreng.pdf/37

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


sewengi kanggo ngrampungake crita saka kerajaan Manthili ngan- ti pungkasan yaiku patemoning Sinta lan Rama.

Crita Ramayana sing wis moncer marakake pentas ora tau sepi penonton. Dina kuwi Sinta begja entuk peran “Sinta . Dene Sukma pasangane njoged, uga wis siap anggone pentas.

Dinaikilakone'Sinta Geni'. Critane Sinta sing diculik” Rah- wana wis kasil bali lan ketemu “Rama ananging “Rama isih ora percaya menawa “Sinta” isih prawan nalika digawa dening Rah- wana. Kanggo mbuktekake menawa Sinta isih 'suci', mula Sinta” wani mlebu geni ing sak ngarepe” Rama kanggo mbuktekake me- nawa awake isih 'suci' . Kanthi idin palilah saka “Dewa Agni”, “Sinta! ora kobong.

Pentas wis kawiwitan. Saiki gilirane Sinta lan Sukma njoged. Tabuhan trisik Sukma wis ing panggung njoged karo kethek-ke- thek. Nalika tabuhan trisik kepindo Sinta metu karo putri-putri argosoka. Swasama isih khitmat kairing tetabuhan sing neng- semake. Sinta marani Sukma nyritake 'Sinta' ketemu Rama kan- thi sembahanjjengkeng lan nyedhaki karo jumangkah sikil bareng. Nanging, samparane Sinta kepidak Sukma. Sinta krasa ana sing owah saka panganggonelan saya kendho. Kringete Sinta samsoyo akeh, dene olehe njoged saya ora konsentrasi. Raine dadi abang ngatonke nek ana singora pener saka panganggone. Sukma sing ana cedhake Sinta nuli takon.

“Sin, eneng apa?” pitakon Sukma

“Ehmmm.....,” Sinta isih durung wani omong lan sajak ora krungu omongane Sukma.

“Sin, Sinta eneng apa je?” Sukma rada banter lan Sinta wis abang raine

“Cilaka, samparanku kepidak!” batin atine Sinta.

“Sruuwut” Jarik sing dinggo Sinta dumadakan mlotrok. Ora ana awer-awer sing nutupi sikile.


KAN

“Mangkono kuwi Ti, critanejarikku mlotrok. Aku isin tenan,” kandhane Sinta

ma 28