Kaca:Sandhal Goreng.pdf/39

Kaca iki durung katitiwaca

Kertas Buron

Milati Mutoharoh

TI

“Menawa kowe arep dadi brandhal, dadiya gembonge bran- dhal. Arep dadi maling, ya dadi ketuwane maling, turya aja mung maling pitike tanggane! Arep dadiwong, yawong tenan, ajawong- wongan. Dadi bocah aja seneng sesumbar. Ya umpama kowe pan- cen isa, lha nek jebul kowera isa? Rak gur pong-pong bolong, ta, jenenge!” ngendikane pak guru serolan gawe ati wong kang kru- ngu dadi ndredhek.

Wektu iku kancaku bubar gawe masalah karo sekolah liya. Ngajak gelut, tur dadine dheweke dhewe malah sing babak bun- dhas. Kabeh padha ndhungkluk mandeng meja kepala sekolah ing ngarepe. Kabeh padha wedi arep njenggelekke sirah. Kabeh mung meneng lan ngrungokake ngendikane Pak Tadi, wali ke- lasku.

Lelakon mau uga tak alami, nanging pengalamanku iki ora merga aku gawemasalah karo sekolahan liya, nanging karo seko- lahanku dhewe.

wak

Senen. Dina iki dina sapisan kanggo semesteran. Kanca-kan- ca isih padha meneng, ora kaya biyasanesing mesthi gawe rame, Bokmenawa, ngendikane pak Tadi kala wingi ndadekake kanca- kanca sadhar. Bocah lanang lemu, ireng, rambute awut-awutan, sepatu distro sing wis luwuk tur penganggone alus, mlipis, tipake le nyletika isih ketara benget, lungguh ing kulon kelas karo maca buku.

ma 30)