Kaca:Sandhal Goreng.pdf/41

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


rambute kaya model taun 80-an, yaiku si guru killer nendhang sikilku alon. Rumangsaku sikilku ya ora trathakan tekan ngendi- ngendi.

“Wonten menapa, Bu,” pitakonku lirih.

“Sepatu anyar, ya.”

“Mboten, kok Bu,” wangsulanku.

“Sepatuku, kok.”

“Ooalaaaaaah,” batinku karo tak gawe kaya-kaya aku uga seneng menawa sepatune anyar.

“Halah mung sepatu timpal lethong, we,” batinku maneh.

Bu pengawas banjurmlaku mengarep. Aku ndhengkrukne- ruske nggarap. Kelas dadi anteng meneh,

“Uuuuuh,” garapanku wis rampung tenan saiki.

Tak delok jamku, “Wah, isih suwe.”

Aku mung meneng wae, nglengkruk karo uthak-uthik, Suwe- suweaku dadi jeleh. Penyakitku kumatmeneh. tanganku ngranggeh pulpen sing paling cedhak. Kertas ing ngarepku wis bar tak orek- orekan. Tulisan kang ora cetha wis tinulis cetha ing kertas kuwi.

Sepi ning dalan

Nandani owah gingsiring jaman

Lungane waras,

Ngelingake bakal ana kadadeyan

Kang kondang kaloka

Petenging swasana,

Agawe manungsa ra bisa mrantasi gawe

Amargalungamu,

Gawe sepining atiku

Tanra isa lumangkah maju

Kaya ngono unine orek-orekan ora cetha kang tak tulis. Ora let suwe, “Theeeeeeeet..........theeeeeeet,” bel kurang sepuluh menit wis diunekake. Kancaku padha gedabigan. Saya-saya mbu- riku, gidhuh. Ujug-ujug ana sing ngogrek-ogrek kursiku maneh saka mburi. Bocahe nggulu banyak. Wektu dak thinguk, bocahe malah kaget.

ma 30 mo