Kaca:Sandhal Goreng.pdf/42

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


“Mil! Koweki wis edan tenan, ta? Apa lagi kumat?”

“We lhoh, malah ngoneke. Ana apae?”

“Kuwi, sing mbok nggo orek-orek! Kuwi! Kuwi rak kertas soal!” omonge Wahyu karo rada mendelik-mendelike mripate.

“Njur ngapa?” takonku ora ngrewes.

“Lha mengko ki ditumpuk meneh, Lik! Cilik!” omonge me- neh karo ngeden.

“Wadhuh!” saurku kaget.

Aku dadi melu-melu gidhuh.

“Ndhut, njur piye iki?” takonku karo rada nyemimis.

“Gek njaluk ijol pengawase,” omonge Wahyu karo ngliling jawabanku.

“Bu, kula nyuwun kertas,” tembungku karo ngangkattangan tengen.

“Woalah, kowe, ki Nok! Ngapa lagi njaluk saiki?” ngendi- kanebu pengawas sing cantik, Jan mung dak bales karo sumeh.

Gage-gage gek ndang dak salin orek-orekanku mau ing ker- tasliya. Kojurku, orek-orekan sing neng soal ra isa dibusak meneh, merga nggo pulpen. Aku dadi saya gidhuh tinimbang mau. Aku thingak-thinguk goleh #ipe-r, tur ya tetepwae mripatku orawiruh tipe-1 neng cedhakku.

Wektune wis rampung. Saiki aku kudu numpuk soal sing bar dak garap. Aku dadi wedi arep numpuk soal Matematika merga kebak ana orek-orekanku mau. Mendhing isi orek-orekan itung-itungan. Lha iki tulisan ra jelas. Wahyu ngundurke kursine. Ngadeg, banjurmlaku mengarep. Bocahe wis pas ngadeg ing san- dingku.

“Titip,” penjalukku marang Wahyu.



wak

Aku dadi rada aras-arasen menawa mangkat njur bali mulih meneh. Ya kaya wektu remidial kaya esuk mangkene. Eman-eman bensine. Merga olehku adus kesuwen, asile ya olehku mangkat dadi kawanen. Saka omahku menyang sekolahan iku jarake uda- kara 15 km, dalane mudhunlan menggak-menggok merga omah-

m33