Kaca:Sandhal Goreng.pdf/43

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


ku Gunung Kidul. Sasuweneneng dalan, sing dak rasakke mung angin sumilir lan pemandangan kutha Jogja kang endah menawa didelok saka ndhuwur kene. Merga dalane mudhun terus saka ngomah tekan Piyungan, lan lagi ngirit bensin, dadine motorku yo mung dak glenderke tekan rampunge dalan udhun-udhunan. Satekaneing sekolah, kanca-kanca wis padha kumpul ing ngarep kantor golek informasi remidi.

“Mil, kowe mau digoleki guru killer. Kowe bar gawe masalah papiyero gurune?” ujug-ujug kancaku takon.

“Hah? Gawe masalah? Kurang gaweyan, pa aku,” sauranku leleh luweh. Nanging ing sajroning ati aku ya rada wedi.

“Waduh, aja-aja gurune isa ngerti apa sing tak batin dhek semesteran wingi? Waduh, njur piye iki?,” batinku.

“Nok! Mreneo siki,” ujug-ujug guruku ngundang aku seka njero kantor. Sadurunge gurune metu, aku langsung mlayu.

“Ndhut, aja omong nek aku wis mangkat, ya!” pesenku karo Wahyu.

Aku mlayu tumuju WC mushola njur ndhelik ing jero WC sing pesing kaya ngene. Sawetara kuwi, ana sms mlebu.

“Mil, gurune arep neng WC! Ati-ati yo!” unine sms saka kan- ca-kanca.

“Modar,” batinku.

Neng jaba, ana swarawong wadon takon, “Bu, ngertos Milati?”

Banjur ana swara wadon sing nyauri, “Mboten, Bu. Lha pri- pun?”

Bar kuwi ora ana swara maneh. Ora let suwe swara wong wadon sing sepisanan mau takon maneh, “Pak, ngertos Milati?”

Banjuraku krungu swarane Pak Tadi, “Mboten. Lhawonten menapa?”

Aku gagemancik ember gedhe sing wis dak wadhahi banyu, njur dak tiliki liwat angin-angin lawang, “Wis, ra ana wong? Ayem, wektune metu,” batinku karo ngelus dhadha.

Akunjurmudhun, alon-alon dak bukak kunci lawang, alon- alon banget olehku mbukak lawang. Lawange tak bukak, dak jang-

me 34