Kaca:Sandhal Goreng.pdf/44

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


kahake sikil tengenku, banjur aku metu. Tak jangkahke sikilku, ujug-ujug ana sing nggeret tas karo lengenku. Tak inguk, jebule guru killer, guru cantik, lan pak Tadi wis nunggu aku sajabaning WC. Aku kaget setengah mati. Age-age aku nyoba uwal saka pa- nyekele guruku mau lan kasil. Aku mlayu ngubengi sekolahan, banjur ndhelik ing mburi gudhang sing jarene kanca-kanca ang- ker. Aku tumuli sms Wahyu.

“Ndhut, gawanen kanca-kanca ing sawah sisihanegudhang!” unine smsku

“Kowe arep mlumpat pager?” balese

“Gek ndang wae. Rasah kakeyan takon!” balesku

Aku banjur ngenteni ing papan kang sepi kuwi.

“Krusek krusek!” dumadakan keprungu ana suara uwuh di- pidak. Aku wis gidhuh.

“Golek ancik-ancik, banjuraku arepmlumpati pageriki,” ba- tinku. Kringetku pating prentul wiwit metu saka raiku. Aku me- nek uwit, tekan sadhuwure beteng, dak tiliki ing sawah, gendhut wis ana. Aku mancik beteng, njur “Tlebuuug!” aku tiba.

“Ayo! Gek dijikuk motormu! Gek muliya timbang dadi oyak- oyakan,” sarane Dewi.

Alon-alon anggonku mlaku tumuju parkiran, Tak stater, ban- jur aku rada ngebut, pengen gek mulih. Tekan gerbang, aku ora isa metu.

“Matek,” batinku.

Gerbangeditutup. Ora ana cara liya, aku kudu mbukak ger- bang kuwi. Aku mudhun saka motor, mbukak gerbang. Nanging, durung rampung anggonku nyurung gerbang mau ujug-ujug tak- rungu ana sing ngelih motorku. Kanthi rada panik, aku njupuk sapu neng cedhak gerbang mau lan tak athungke neng gulune wong sing ngelih motorku. Jebul sing dak athungi iku Pak Tadi. Kaget lan wedi sanalika iku. Gage-gage sapu tak oncalke karo mundhuk-mundhuk.

“Nyuwun pangapunten, Pak! Saestu, nyuwun pangapunten. Kula ngaken sampun salah, Pak,” aturku marang Pak Tadi.


m35