Kaca:Sandhal Goreng.pdf/45

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


“Wis ora papa. Saiki kowe melu aku. Rasah nglawan kaya mau, wangsulane Pak Tadi kari disabar-sabarake atine.

“Nggih, Pak.”

Banjur aku dijak mlebu neng kantor guru. Ing kantor guru wis ana kepala sekolah, Pembina OSIS, guru bahasa Indonesia sing ora liya bu kilfer sing cantik, Weruh kahanan mau, aku nyoba mbelot meneh arep lunga. Nanging, tangane Pak Tadi kenceng nyekeli lengenku.

Kaya-kaya Pak Tadi mangerteni apa kang ana ing atiku. Sa- janeaku wedi. Aja-aja aku disidhang. Aku mlebu, banjur kon ling- guh ing kursi sangarepe Pak Kepala Sekolah.

“Kowe mau wis ngapa wae, Nduk?” pitakone Pak Kepala Sekolah.

“Kula ndhelik ten kamar mandi, mlajar saking bapak lan ibu guru, mlumpat beteng kaliyan ngathungi Pak Tadi ngangge sapu, Pak,” saurku karo nggregeli.

“Ngerti ra ngapa kowe dak undang mrene?”

“Mboten, Pak.”

“Mulakna saiki kowe aja lunga dhisik. Arep tak kandani. Sapisan kowe cetha salah. Iya, ta!”

“Nggih, Pak.”

“Iki rak kowe sing nulis, to?” ngendikane Pak Kepala karo lembaran nduduhake soal matematika sing wis tak orek-orekwek- tu ujian semesteran.

“Owalah, gene ki yo mung kuwi. Asem tenan. Lha tur, apa tulisanku salah, ya? Apa wis gawe elek jenenge pak kepala utawa guru-guru,” batinku.

“Ing... inggih, Pak. Menapa wonten ingkang....,” urung ram- pung olehku omong.

“Ora, kowe ora salah bab iki. Gene koweisa nulis puisi. Aku mung arepngomong, lomba nulis puisi sesuk kuwi sing maju kowe kanggo makili sekolahan iki, ya. Iki wis dadi kesepakatane kepala sekolah lan guru-guru amarga saiki kabeh ngerti menawa puisi- mu kuwi pancen apik tur puitis temenan, mula aku njaluk kowe


me 36