Sandhal Goreng
temenan, ya anggonmu melu lomba nulis puisi!” mangkono ature kepala sekolah kanthi pengarep-arep lan pangalembana marang aku.
Wuadhuuuuh...... rasane, “mak plong” atiku. Isis tenan ra- sane hawane ing ruangan sing “panas” kuwi.
Raiku dadi sumringah. Wis ilang kabeh rasa kuwatir lan we- di yen dadi buronan guru sasekolahanku.
Tanpa diambali maneh aku tumuli mangsuli kanthi swara sora, “Nggih, Pak. Siaaaaaaap.”
“Mulakno suk meneh aja lunga sikik. Wong mung arep dita- koni malah mlumpat beteng barang, ta Nduk, kaya maling dioyak polisi,” ngendikane Pak Pembina OSIS kanthi esem sing rada nge- ce.
“Pancen benerngendikane Pak Tadi. Ora sah sesumbar. Aku, sing sasuwe iki dianggep biasa, meneng, ora bisa apa-apa, jebul malah kon makili sekolahan. Kok ya aku mau ndadak mlayu ngu- bengi sekolahan karo menek wit barang. Wah jan, alhamdulillah,” batinku karo aku nguya-nguyu dhewe.
me 37 e