Kaca:Sandhal Goreng.pdf/48

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


“Enak wae. Iki bantalku. Sing njupuk aku, kok!” semaure Asatri.

“Sapa sing omong,” pitakone Arya karo maido.

“Aku dhewe,” saurane Astari karo nyenthe.

“Raiso, kuwi nggon aku, kok,” eyelane Arya.

Oranganggo basa-basi, bantal sing ana sirahe Astari mau lang- sung di dudhut seka sirahe Astari.

“Jedhuggggg,” swarane sirahe Astari kejegluk jubin.

“Iyunggggg,” bengoke Astari karo nyekeli sirahe.

“Bocah, ki, rung tau tak lolohi sandhal, pa piye. Karo mbak- yune kok ra ngajeni,” grundelane Astari.

“Napa, Mbak?” pitakone Arya sajak nyepeleke.

“Karepmu kie, piyeeeeeeee?” semaure Astari karo nyenthe.

“Oh.......sori Mbak,tak sengaja,” wangsulane Arya sajak ngece.

“Kene ndhene,” bengoke Astari marang adhine.

“Tak sudi, la yau,” saurane Arya karo melet, banjur lunga klepat metu ninggalake Astari.

“Dhuasarrmrmr cah ra nggenah, kie. Minggat kana,” swarane Astari sajak nesu banget karo adhine.

Durung liya dina, liya perkara wis kedadeyan maneh. Ana wae saben dina sing diributke antarane mbakyu adhi mau. Dina kuwi, ibune Astari banjurrada duka amarga miring swara bocah loro sing bawe rame.

“Iki ki pada ngapa, ta. Kok ribut-ribut?” pitakonelIbune Astari.

“Kae Arya bantale di dudhut terus sirah ku oleh jubin,” se- maure Astari karo nyenthe.

“Oalah, tak kira ana apa,” ngendikane ibune Astari.

Dinaiki anafilm Hary Potter nang tivi. Bengi iki Astari bakal turu luwih saka jam sepuluh.

“Wah, engko bengi filme Hary Potterkudu ndhelok iki,” ujare Astari.

Bengi iku Astari nonton tivi saka jam setengah pitu bengi. Astari ora sinau babar blas. Dheweke luwih mentingke film hary potter sing mulaine jam sepuluh bengi.


m39