Kaca:Sandhal Goreng.pdf/51

Kaca iki durung katitiwaca

Antologi Cerkak, Peningkatan Kreativitas Penulisan Sastra Jawa tahun 2019


“Untung mung ndhuwe adhi siji. Nek genep papat walah dadi ra waras aku,” batinku nang jero ati. Saya suwe tangisane samsaya kaya gludhug mecahake sepine omah.

“Sreeekkk....srekkkk....sreekkkkk,” swara sandale ibuku.

Ibuku banjur marani lan takon, “Iseh nangis terus nopo Nduk.”

“mjih, Bu. Lha adhik niku jaluk entoook-bob entokkk-bob sampun kulo tambangke menthok-menthok ning tangisane tam- ah sero,” wangsulanku karo rada jengkel.

“Owalahhh, Ndhuk. Adhimu kuwi jaluk ndhelok Sponge Bob ora njaluk dinyanyekke menthok-menthok,” wangsulane ibuku aro nguyu.

Aku saiki lagi mudheng kenapa adhiku nangis. Nalika cilik esenenganku karo adhiku iki beda. Aku mesthi nangis njaluk ditukokake buku crita. Wektu kuwi sing paling tak senengi crita Sincan. Menawa ditukokake buku crita Sincan senengku ora ja- mak. Kon milih dolanan apa buku crita mesti milih buku crita, eda karo bocah jaman saiki sing senenge mung nonton TV.

Saben-saben ditukokake buku crita, aku bungah lan buku ku- witak waca bola-bali, tak gawa nang ngendi wae aku lunga. Wek- tukuwiaku duwe sedulur kang jail banget jenenge Panjul. Bocahe manja. Apa-apa panjaluke kudu dituruti karo wong tuwane. Se- dulurku kuwi senengane dolan ning omahku. Sing paling njeng- kelake, dheweke mesthi ngrusak barang apa wae kang mentas dicekel lan dianggo dolanan. Mula aku bingung kepriye ngaman- ake barang-barang dolananku menawa bocah kuwi teka. Do- lanankusok tak seleh neng kamar mandi, nanging tetep ora aman, tak seleh neng kamar saya gampang dikonangi. Judheg banget lan bingung menawa bocah kuwi dolan neng omahku.

Durung rampung anggonku ngangen-angen, eh...keprungu swara wong nothok lawang.

“Thokkk.. thokkkk....thookkk....thokkk.”

Jebule budheku lan putrane, Panjul. Sakal pikiranku dari bi- ngung. Sing ana pengangenku piye carane aku nyelametake buku



ma 42 mo