Kaca:Sandhal Goreng.pdf/52

Kaca iki durung katitiwaca

Sandhal Goreng


critaku sing anyar iki saka pangganggune Panjul. Bingung lendhe- likake bukuku, banjur tak lebokake ning njero kathokku banjur lingguh anteng lannguya-nguyu mesam-mesem manggakake bu- dheku. “Koyo wong ra genep,” batinku. Ibuku, budheku, Panjul abeh padha lungguh ana ing meja mangan lan geguyon. Lha, aku mung isa ndelengake wae saka kadohan ora wani nyedhak amarga wedi keconangan dening Panjul menawa aku ndhelikake buku crita ing njero kathokku. Aku mung isa dhelengake karo ke- thap-kethip. Rasane keju temenan lingguh terus tur ya piye me- nawa aku ngadhek. Bukune mesthi mbrojol tiba terus konangan Panjul lan dirusak. Tak tahan-tahan sinambi ngampet ngelih lan ngampet pipis. Ibuku nimbali aku supaya melu ngumpul sameja makan, nanging aku tetep ora obah saka palungguhanku. Wah, ancen cilaka tenan iki.



Lagi nengahi padha dhararing meja makan, dumadakan ke- prunguswara SUWUWUTTTIT. .... ,SUWUUUUTTTITIT. . ..,SUTMTTNTANANNTTNNNT banjur kabeh do teles. Aku njenggirat. Jebul aku ngompol. “Wa- dhuh, Biyung,” batinku karo kisinan banget. Jebule anggonku ngampet nguyuh mau wis ora bisa tak tahan maneh. Iki gara- gara aku mung pingin ngamanake bukuku sapa Panjul si bocah nakal kuwi.

Ngongangi aku ngompol, sanalika Panjul mbengok alok, TM Pangan a WÈT YI Yasa sa WENGI Yan ra dedepol...dedepolll...... dedepol cah gedhengompol haaaangom- pol ngompol dedepol.” “Aaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaana....


<,” aku mbengok saken- cengku. Isin, isin, isin tenan aku dikonangi wong akeh. Aku banjur nangis ngguguk. Wis isin ditambah buku crita sing tak dhelikake dadi teles kebes tur pueeeeesing ambune.

Sawise ibuku lan budheku mangerteni dhodhok selehe per- kara kenapa aku wiwitmau meneng wae ora gelem nyedhak, ban- jurmaklum lan mesem sajake ngrasa geli. Aku dicedhaki ibu lan arep dituntun menyang WC. Nanging aku mung mbegegeg ora gelem menyat seko panggonanku. Wusanane aku rada digeret


me 43